Friday, October 30, 2009

Biografi Ronggowarsito

R. Ng. Ronggowarsito miyos kanthi nama alit Bagus Burham ing dinten Senin Legi surya kaping 10 Zulkaidah taun jawa 1728 utawi surya 15 Maret 1802 kirang langkung tabuh 12.00 siang, putra saking RM. Ng. Pajangsworo. Eyangipun, R.T. Sastronagoro ingkang sepisanan nemokaken jiwa ingkang teguh lan bakat ingkang ageng ing salebeting kenakalanipun Burham alit ingkang pancen kondhang nakal.
Sastronagoro lajeng mendhet inisiatif kagem ngirim Burham nyantri dhateng Pesantren Gebang Tinatar wonten ing Ponorogo asuhanipun Kyai Kasan Besari. Wonten panggenan enggal punika, Bagus Burham kesed banget lan seneng maksiat tinimbang ngaji. Minangka putra bangsawan Burham nggadhahi emban ingkang asma Ki Tanujoyo minangka guru mistikipun. Saben Dinten Bagus Burham wonten ing meja judi, saenggo sampun dipunkenal penjudi ingkang ulung wonten Ponorogo. Putro Keraton dipunkarepaken saged maringi tuladha ingkang sae, nanging Bagus Burham sakwangsulipun.
Miturut serat “Chandra Kantha” damelan Raden Ngabehi Tjondropradoto antawisipun nyebataken R. Patah kagungan putro P. Pamekas, P. Pamekas kagungan putro Panembahan Tejowulan, Panembahan Tejowulan kagungan putro Tumenggung Soryonoputro (Pujangga Keraton Pajang), Lajeng Tumenggung Soryonoputro kagungan putro Tumenggung Tirtowiguno, Tumenggung Tirtowiguno kagungan putro R. Ng. Yosodipuro I, lajeng R. Ng. Yosodipuro I kagungan putro R. Ng. Yosodipuro II (R.T. Sastranegara) eyangipun Bagus Burham. Saking silsilah kasebat dipunmangertosi bilih Bagus Burham taksih wonten katurunan Raja.

Ronggowarsito miwiti padamelan dados sastrawan kanthi nulis Serat Jayengbaya nalika taksih dados mantri carik ing Kadipaten Anom kanthi sebatan M. Ng. Sorotoko. Sepisanan ngabdi marang keraton Surakarta Hadiningrat kanthi pangkat Jajar lan nyandhang nama Mas Panjangswara. Nekani dewasa (1813 Masehi), piyambakipun tindak meguru marang Kyai Imam Besari ing pondhok Gebang Tinatar. Sakkondure saking meguru, Bagus Burham dipunutus wonten Demak kaliyan Ramanipun supados sinau sastra Arab lan kebatinan Jawa kaliyan Pangeran Kadilangu.
Saksampunipun meguru, Bagus Burham nikah. Amargi morosepuhipun dipunangkat dados bupati wonten Kediri, Bagus Burham nderek wonten Kediri. Saksampunipun ngabekti kangge morosepuh, Bagus Burham nyuwun pangestu badhe meguru wonten Bali, Surabaya lan sanesipun. Inggih punika meguru wonten Kyai Tunggulwulung ing ngadiluwih, Kyai Ajar Wirakanta wonten Ragajambi, Kyai Ajar Sidalaku wonten Tabanan Bali.
Bagus Burham gadah kapinteran saking guru – gurunipun, lajeng sinau kasustraan Jawa. Buku – buku bahasa Kawi kuno, disinau kanthi sae, piyambakipun asring ngawontenaken perjalanan saking daerah satunggal wonten daerah sanesipun. Bagus Burham nuweni panggenan bersejarah, panggenan keramat, candi – candi lan panggenan penting sanesipun.
Dheweke wangsul ing Surakarta nindakaken tugas minangka abdi dalem keraton. Lajeng dheweke dipunanugrahi pangkat Mantri Carik kanthi gelar Mas ngabehi Sarataka, ing taun 1822.
Nalika kedadean perang Diponegoro (th.1825-1830), inggih menika nalika jaman Sri Paduka Paku Buwana VI, dheweke dipunangkat dados pegawe keraton minangka Penewu Carik Kadipaten Anom kanthi gelar Raden Ngabehi Ranggawarsita, ingkang saklajengipun pidalem wonten ing Pasar Kliwon.
Wonten ing kalodhangan menika, kathah sanget siswa-siswinipun saking tiyang asing, kadosta C.F Winter, Jonas Portier, CH Downing, Jansen lan liya-liyane. Kaliyan C.F.Winter, Ranggawarsita mbiyantu nyusun kitab Paramasastra Jawa kanthi irah-irahan Paramasastra Jawi. Kaliyan Jonas Portier piyambakipun mbiyantu penerbitan majalah Bramartani, wonten kalenggahanipun minangka redaktur.Majalah menika ing jaman Paku Buwana VIII dipun gentos namanipun dados Juru Martani. Nanging ing jaman Paku Buwana IX dipun gentos malih dados Bramartani.
Saksampunipun R.T. Sastranegara (eyangipun) wafat ing tanggal 21 April 1844, R. Ng. Ranggawarsita dipunangkat dados Kaliwon Kadipaten Anom lan nlenggahi jabatan minangka Pujangga keraton Surakarta Hadiningrat ing taun 1845. R. Ng. Ranggawarsita nikah malih kaliyan RMP. Jayengmarjasa . Ranggawarsita wafat ing taun 1873 sasi Desember dinten Rabu pon tanggal 24.

Be First !

Post a Comment

free counters

Subscribe via email

Enter your email address:

Delivered by FeedBurner

  ©Fatkhan's Site. Template by Dicas Blogger modified by Fatkhan

@Fatkhan_ (Twitter)