Makalah Wayang Pinangka Tontonan uga Tuntunan
PURWAKA
Puji syukur kula aturaken dening Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha berkat awit kadadosanipun makalah babagan wayang punika.
Makalah menika karipta adhedhasar kepengin nglestantunaken kabudayan jawi inggih menika wayang. Makalah punika badhe njlentrehaken babagan wayang ing pinangka boten naming dados tontonan, ananging saha pinangka tuntunan kagem para pamiyarsanipun. Awit wayang punika salah satunggaling budhaya Jawi ingkang sangsaya pudhar ing masyarakat, malah badhe dipuntilaraken, pramila kula langkung makalah punika badhe nyobi nguri-uri budhaya ingkang luhur punika. Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sasintena kemawon ingkang sampun kersa paring pitedah, palilah, saha panyengkuyung amrih mawujudipun makalah menika. Kula tansah nyenyadhong pitedah sarta wewarahipun pranupiksa ingkang maos makalah menika, temah makalah menika saged nyembadani pamundhutipun para maos.
Cekap semanten atur kula. Mbokbilih wonten kalepatan ing panulisan saha isinipun kula nyuwun pangapunten.
A. PENDAHULUAN
1) Latar Belakang
Wayang kalebet hasil, cipta rasa lan karsa manusia Indonesia saking proses daya spiritual. Pengamatan ingkang dalem dumugi wayang nunjukaken menawi wayang mboten seni ingkang bertujuan kanggo kepuasan biologis amargi maringaken kepuasaan batiniah. Nonton pergelaran wayang kalebet proses introspeksi intuitif kalih simbol-simbol kehidupan di pun sertani pembersihan intelektual lan penyucian moral kadados maringaken pencerahan rohani.
Dipunpirsani saking mutu kaliyan kandunganipun, wayang pantes dipunsinau kaliyan dipunmanfaataken kangge kaperluan kehidupan masyarakat. Nyinauni wayang puniku saged maringi kathah falsafah ingkang terkandung wonten seni wayang punika. Saking pagelaran wayang punika saged dipunsinauni inggih punika wonten alur estetika lan etika iku, akhire saged nemukake makna ingkang luwih apik ingkang kamuat ing pertunjukan wayang, yaiku nilai-nilai hakiki yaiku falsafah hidup. Nilai falsafah kalebet isi kaliyan kekuatan utama pertunjukan wayang.
Daya tahan lan daya kembang wayang iki sampun teruji wonten nghadepi kathahing tantangan saking zaman dumugi zaman, perubahan pamarintahan, politik, sosial budhaya saha kepercayaan saged paringaken bukti manawi wayang nggadhahi peran penting wonten ing kagesangan sosial masyarakat.Amargi daya tahan kaliyan kemampuanipun ngantisipasi perkembangan zaman, dadi wayang kaliyan seni pedalangan sampun ngantos kualitas seni ingkang dhuwur, ugi menika saged di sebat seni ingkang "adiluhung". Budaya adilihung punika ugi saged paring pambiyantu para muda ingkang ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan. Wayang pantes dipunlestarikaken supados mboten ilang amargi perubahan zaman ingkang modern punika.
2) Manfaat
Kangge media pengajaran. Wayang gadhah fungsi pinangka pagelaran kesenian ingkang nampilaken kathah nilai pinangka tuntunan (moral etik) kaliyan tontonan (nilai estetik) amargi konsep etika lan estetika Jawa kathah ngewarnani wonten sakjeronipun. Etika gegayutan kaliyan perkara punapa ingkang becik kaliyan punapa ingkang ala. Masalah becik kaliyan ala, kedah saged dipunatasi kaliyan ningkatake kesadaran ingkang saged nggawa manungsa wonten ing kesempurnaan. Awit saking puniku, wonten pentas pagelaran kesenian wayang nampilaken wontenipun proses tumuju kadewasaan jiwa.
B. WAYANG PINANGKA TONTONAN UGA TUNTUNAN
Kesenian wayang wonten ing arupi ingkang asli dumugi saderengipun kabudayan Hindu mlebet Indonesia lan wiwit ngrembaka ing jaman Hindu Jawi. Pagelaran wayang punika tirahan upacara keagamaan tiyang Jawi, animisme saha dinamisme. Asal usul wayang ngantos dinten punika dereng saged dipunwartakaken.
Wayang ing era globalisasi punika salah satunggaling budhaya Jawi ingkang sangsaya pudhar ing masyarakat, malah badhe dipuntilaraken. Wayang punika seni ingkang berharga sanget, amargi saking sedaya aspek pementasan ngagem aturan ingkang runtut kaliyan jangkep tata kramanipun. Saking ngoko, krama madya, krama inggil, parikan, paribasan, sanepan, wangsalan, dasanama. Uga ngagem basa rinengga, basa filsafat, basa unggah – ungguh, basas pernesan lsp.
Ing kalangan masyarakat, wayang sanes barang ingkang aingkang. Wayang punika satunggaling warisan budhaya bangsa ingkang sampun eksis dening perubahan-perubahan ngantos dinten punika. Sapunika, peran wayang boten naming dipuntitikaken kagem upacara-upacara ritual saha keagamaan, ananging sapunika sampun arupi acara hiburan ingkang ngutamakaken inti crita babagan pengetahuan, pilsapat gesang, nilai budhaya, maneka werni unsur seni, saha pendhidhikan ingkang sedayanipun wonten ing seni pedhalangan.
Pinangka salah sijinipun seni ingkang berharga sanget, wayang nggadahi nilai etika ingkang gedhe. Sedaya pagelaran wayang, saking pambuka (talu) ngantos pungkasaning pagelaran dening tancep kayon, nggadhahi kandhungan pangarten ingkang inggil. Saben adhegan dipuniringi gendhingipun piyambak-piyambak saha sangsaya langkung sawetara sangsaya inggil laras saha iramanipun saengga ngrengkuh crita ingkang dipuntandhai dening tancep kayon, sasampunipun sedaya masalah wonten ing lelakonan saged dipunwangsuli saha dipunpungkasi.
Wayang pinangka tuntunan gadhah kandungan, inggih punika pilsapat pawayangan damel masyarakat pinangka pamiyarsa saged ngrenungaken hakekat gesang, asal saha tujuan gesang, manunggaling kawula gusti, drajadipun tiyang wonten ing alam donya, sarta sangkan paraning dumados ingkang dipunlambangaken awujud tancep kayon dening dhalang ing pungkasaning crita, anggadhahi kandungan filosofis ingkang dhuwur (Wibisono dalam Mulyana: 2008).
Kasedayanipun nggambaraken maneka werni kagesangan tiyang ing donya wonten ing maneka aspek saha dhinamikanipun, ingkang boten ewah saking peran saha drajadipun tiyang pinangka makluk titahipun Gusti Allah punapa dene makhluk sosial. Ing bab punika sampun ketingal, pinangka tiyang ingkang gadhah budhaya, bangsa Indonesia mastani wayang pinangka bagian saking kainggilanipun nilai gesang.
Wonten ing crita, wayang kathah dipunlukisaken menawi ingkang boten eling saha waspada badhe nemu piawon. Saged dipunpirsani wonten ing crita wayang Mahabarata, punapa dene Pandhawa saged mimpang ing paprangan, ananging sedaya putra saha garwanipun tiwas. Hastinapura ingkang dipunpimpin Prabu Suyudana ugi tiwas dipuntumpas Pandhawa amargi ingkar janji.
Mirsani wayang saged kanthi khidmat, gumujenging bungah lucon Punakawan, saha saged kondur kanthi ngasta hikmah crita, hikmah tuntunan.
C. KESIMPULAN
Wayang panci dados tontonan ugi tuntunan. Krana boten naming ngedalaken kaluwihan 1 tiyang ingkang segad nglampahaken 1000 karakter, ananging ugi saged gadhah “peran” wonten ing wayang-wayang kasebat saengga katon gesang saha mempesona (sanggit). Ewadene sae kagem tontonan, wayang ugi saged kagem tuntunan. Boten naming nggambaraken gelar pethak saha cemeng, ihwal kabecikan saha ala, ananging ugi tuntunan ingkang saged ningkataken kadhar agama wonten ing pamiyarsanipun, kadhar budhi pakerti, saha langkung saged nambahi kasanah batin pamiyarsanipun.
Saking penjelasan wonten inggil, saged dipunpendet piwulang, kayata:
1. Wayang puniku warisan budaya ingkang paling luhur, dadi aja nganti direbut karo Negara liya.
2. Wayang puniku budaya ingkang ngemot kathah pitutur ingkang luhur. Kita kedah ngluhuraken seni budaya nasional saengga mboten kalah kaliyan budaya manca.
3. Warisan budaya saking para leluhur ingkang saged dipunsinau dening kawula muda.
4. Wayang dipunanggep gadhah fungsi pinangka pagelaran kesenian ingkang nampilke kathah nilai pinangka tuntunan (moral etik) kaliyan tontonan (nilai estetik)
- Tontonan: sarana hiburan ingkang saged nyenengake penonton
- Tuntunan: wayang ngemot akeh pitutur kang luhur, kayata budi pekerti, lan nyimpen makna ingkang simbolis . Basa wonten seni wayang yaiku basa rinengga ingkang endah sanget.
D. Penutup
Cekap semanten ingkang saged kula serat babagan wayang pinangka tontonan saha tuntunan. Kathah kalepatan taksih sumebar ing seratan punika. Mugi liwat seratan punika, wayang saged tetep eksis ing kancah Nuswantara, ugi donya. Mugi wayang saged dados hiburan sedaya kalangan masyarakat. Krana wayang inggih punika pinangka karya paninggalanipun leluhur ingkang migunani.
Be First !
Post a Comment